HERMADI'S BLOG
SELAMAT DATANG PROGRAM INDUKSI GURU
ING NGARSA ASUNG TULADHA *** ING MADYA AMBANGUN KARSA *** TUT WURI HANDAYANI

IBU


BETAPA MULIA HATI SEORANG IBU
( VERSI BAHASA JAWA )
( Hermadi )

“Tangi le, .. wis awan, .... sarapanmu wis ndak cepakke neng meja“
Adat sing kaya mangkono mau wis kelakon mataun-taun wiwit sepisanan aku bisa nonton kahanan lan ngeling-eling. Lan nganti seprene ibu anggone ngladeni aku ora nate kendhat.
" Ibu sayang... ora usah repot-repot bu, aku wis gedhe, aku wis dhewasa, aku wis bisa njupuk ma’em* dhewe "  panjalukku marang ibuku ana ing sawijining dina. Dumadakan pasuryane ibuku dadi suntrut, embuh apa jalarane.
Nalika rampung aku lan adhiku ngancani ibu dhahar awan neng meja makan, age-age aku ngukuti sakabehe, piring, panci, sayur, garpu, wijikkan, lan liya-liyane. Aku kepingin mbales labuh labette ibuku anggone ngopeni aku, nganggo tenagaku dhewe. Aku kepingin ibu lenggahan wae ora repot-repot nandangi gaweyan ngomah. Sanalika pasuryane ibu katon susah lan suntrut. 
Aku bingung,  lan jroning atiku tuwuh pitakonan, ana apa kok ibu saiki iki gampang banget susah lan sedhih ? Aku mung bisa ngira-ira, bisa uga wektu-wektu iki aku lan adhiku ora bisa maca lan mangerteni penggalihe ibu, ibuku dhewe.  Aku banjur kelingan salah sijine  “Artikel” ing koran sing ndak waca, ngandharake manawa wong sing umure wis tuwa iku bali rasa rumangsane bali dadi kaya bocah cilik maneh. Ananging embuh ... aku dhewe ora ngerti, ... sing genah niat anggonku arep mbombong lan nyenengake atine ibu, malah kerep gawe penggalihe ibu dadi sedhih. Kaya padatan, sanajan sedhih lan katon susah, nanging ibu ora nate kersa ngandharake rasa sedhihe mau marang putra-putrane.    
Ing sawijining dina, ndak wanek-wanekake, aku nyoba nyuwun pirsa marang ibuku.
" Bu, .. aku nyuwun pangapura yen aku lan adhiku tansah gawe gela lan sedhih penggalihe ibu.  Sejatine bab apa ta ... sing tansah gawe penggalihe ibu sedhih ? maafkan aku kalau telah menyakiti perasaan ibu.

Sawetara ibu ora ngendika apa-apa. Nanging ndak tamatke jroning netrane kembeng-kembeng waspa kang arep tumetes. Dumadakan kanthi tumetesing waspa ibu ngendika mangsuli lirih nanging cetha : “Lagi saiki ibu ngerti le... lan uga lagi saiki ibu bisa ngrumangsani, yen saiki kowe bocah loro wis ora mbutuhake ibu maneh. Kowe wis padha gedhe-gedhe, wia bisa nyukupi kebutuhanmu dhewe. Ibu wis ora pantes maneh nyiapake sarapan kanggo kowe lan adhimu ...,  ibu wis ora pantes maneh saka pasar ngoleh-olehi jajan kanggo kowe lan adhimu ...,  ibu wis ora pantes maneh nata turonmu lan adhimu ..., kabeh mau wis bisa kocupi bocah loro dhewe”.

Aaaah, Yaaaa Allah ... yaaaa Gusti, sawetara aku ora bisa ngomong apa-apa. Pranyata tumraping ibu ... kethengkrusan ( susah payah ) ngladeni anak-anakke mujudake kabahagyan...?  sanajan ta putra-putrane wis gedhe-gedhe lan wis dhewasa...? Bab iki sing aku dhewe bingung anggonku mikir.  Niat arep gawe mulya lan senenging penggalihe ibu ... , nanging jebul malah kosokbaline, .... jebul malah gawe sedhih lan cuwa penggalihe ... ?

Tumraping wong tuwa sakloron, bapak lan ibu, ... bisa uga awakke dhewe durung nate blaka lan mbudidaya kanggo mangerteni apa sing diarani kabahagyan sing sanyatane. Bisa uga nganti seprene bab kabahagyanne wong tuwa mau dioncekki kanthi alaming pikiran kita dhewe-dhewe.
Mulane ora jeneng aneh yen  kerep mrangguli ibu-ibu sing tansah ribet lan ora jeleh-jeleh nandangi pagaweyan isah-isah, nyapu, lan kadang tansah wungu amarga jaga lawang, kanggo nyukupi lan ngladeni kabutuhan anak-anakke. Kabeh mau ditandangi kanthi lega-legawa tanpa ngarep-arep piwalese.  Sanajan ta dheweke ngerti lan ngrumangsani yen anak-anakke wis padha gedhe-gedhe lan bisa nyukupi kebutuhane dhewe.

Aku banjur mikir, jroning atiku takon, apa sing bisa dakaturake kagem ibuku ana ing umurku saiki lan yuswane ibu sing wis sepuh? Apa sing ndadekake penggalihe ibu bisa ngraosake bungah lan bombong mirsani kahanan putra-putane ? Apa kahananku lan adhiku wis bisa gawe bombonging penggalihe ibu ? 

Ana ing sawijining dina aku nyuwun pirsa marang ibuku bab kabahagyan mau.
Ibu ngendika mangkene : "Akeh banget lee,  kowe sakloron wis menehi kabahagyan marang wong tuwa, aku lan bapakmu. Kowe nalika isih bayi, dadi bayi sing sehat lan lucu, kuwi uga mujudake kabahagyan. Kowe padha sekolah lan dadi bocah sing pinter-pinter, kuwi uga kabahagyan, Wong tuwa ngopeni kowe wiwit cilik, lan saiki bareng wis gedhe … wis nyambut gawe … kowe ngemban dhawuhing agama, … bekti marang wong tuwa, kuwi uga kabahagyan. Kowe tresna marang wong tuwa, kepingin  mulyakke wong tuwa, kuwi uga kabahagyan.     Saben-saben kowe katon bungah, bocah sakloron padha rukun, wis padha duwe kaya kabeh, kuwi uga mujudake kabahagyanne wong tuwa. Aku lan bapakmu isih kuwat ngladeni kowe …, sadurunge lan sawise kowe omah-omah, isih rumangsa  seneng diladeni ibu,  … kuwi uga mujudake kabahagyanne wong tuwa“.
Tanpa dakrasa, anggonku ngrungokake ngendikane ibu kanthi tawang-tawang tangis. Ora bisa ngucap apa-apa, mung bisa ngomong jroning ati
“Duh Gusti Allah…, … kula nyuwun pangapunten”.
Aku rumangsa durung sepiraa anggonku bekti marang wong tuwa. Durung sepiraa anggonku tulus mbales katresnan marang wongtuwa.  Ing sasuwene iki saben-saben aku isih akeh mbantah marang dhawuhe wong tuwa. Tansah akeh banget alesan nalika bapak-ibuku kagungan pepinginan nyuwun bab-bab sing dikersakake.  Samana ikhlas lan gedhene panggulawenthah sarta katresnane wong tuwa marang anak. Kabeh mau ditinfdakake mligi kanggo kabahagyane putra-putrane. Bener apa sing dingendikakake dening Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, Manawa suwarga dumunung ana ing telapakane ibu.   

Dakrasakake ibuku mujudake ibu sing tansah sregep lan seneng ngladeni putra-putrane. Mranata bale somah, ngopeni lan nggulawenthah anak, mujudake haq sing ora kena diganggu gugat. Ora bisa remen penggalihe yen bab mau ditandangi dening wong liya. Aah aku nyuwun pangapura ibuuu, yen nganti seprene kurang luwih 18 jam saben dinane ibu kaya-kaya “buruh” sing ora nate njaluk opah. Lan uga ora duwe sayah. Apa aku bisa gawe bombong lan kabahagyaning penggalihe bapak ibuuku ya Allah … ? 

“Tangi le, .. wis awan, .... sarapanmu wis ndak cepakke neng meja”

Nalika iki aku banjur cepet-cepet mlumpat, dakbukak lawang kamarku lan age-age dakrangkul dakkekep ibuku. Dakambungi pipine sing wiwit kempot ... daksawang netrane sing wiwit riyep ... dakwisikake ing talingane rapet-rapet, ... lan dakaturake aturku mangkene :
“Matur nuwun ibu, ... beja temen aku duweni panjenengan ibu. Aku nyuwun pangestu ... muga-muga aku bisa mulyakake panjengan ibuuu. Ibu ... salawase aku tetep tresna lan uga katresnaning ibu. Ibu ora susah kuwatir, sanajan aku mengkone omah-omah .... nanging bapak-ibuku ora bakal daklalekake”
Sanalika pasuryane ibu katon bungah sumringah sanajan netrane kembeng-kembeng waspa.   
Sing arane katresnan ora kudu diucapake kanthi tata lahir : “Aku tresna marang ibu“.  Nanging sanajan mangkana,  Gusti Allah SWT dhawuh marang kita kabeh kanggo ngaturake rasa tresna mau kita kudu nindakake cara sing bisa gawe senenge wong sing ditresnani. Lan aku uga wis nindakake dhawuhing Gusti, ... dakrangkul lan dakkekep rapet-rapet ibuku. Tanpa dirasakake tetesing luh lan waspa nelesi saranduning awak lan salirane ibuku. Aku lan ibu padha nangis sesenggukan. 
Duh Gusti Allah, Paduka tresnaa dhumateng ibu kawula, Paduka tresnaa dhumateng bapak kawula. Amargi bapak saha ibu kawula kanthi manah ingkang lega legawa sampun ngopeni lan nggulawenthah kawula wiwit nalika kawula taksih alit. Sadaya jiwa lan raganipun dipun paringaken kangge kabahagyan kula. Mugi-mugi Paduka tansah paring palilah lan wekdal dhumateng kawula kangge kawula mbales labuh labet bapak saha ibu kawula.
Panyuwun kawula, ... samangsa sampun dumugi titi wancinipun Paduka nimbali satunggal mbaka satunggal, sumangga pun tampi wonten ing ngarsa Paduka, ... kersaa Paduka paring pangapunten tumrap dosa lan kalepatan bapak saha ibu kawula, kados dene bapak saha ibu kawula ingkang boten nate nyacah lan ngemut-emut kalepatan-kalepatan kawula. Lan ugi kersaa Paduka paring pangapunten tumrap sadaya lepat lan dosa kawula.    

ROBBIGHFIRLII WALIWAALIDAYYA WARHAMHUMAA KAMAA ROBBAYAANII SHOGHIIROO “
Tegesipun mawi basa Jawi :
“Duh Gusti, Kersaa Paduka paring pangapunten dhumateng dosa kawula saha dosa bapak ibu kawula, Paduka tresnaa dhumateng panjenganipun, kadosdene panjenenganipun sampun nresnani lan nggulawenthah kawula wiwit nalika kula taksih alit”.
Yaa … Allah, hanya kepadaMU kami menyembah, dan hanya kepadaMu kami menyerahkan hidupku.
رَبَّنَااَتِنَافِى الدُّنْيَاحَسَنَةً وَفِى اْلاَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَاالنَّارِ
“ Robbana atinna fii dunya khasanah wa fil akhiroti khasanah waqinna adzabannar 
“Duh Gusti Allah, kersaa Paduka maringi dhumateng kawula kabahagyan saha kasaenan wonten ngalam donya lan ugi wonten ing alam akherat. Kersaa Paduka njagi lan nyingkiraken kawula saking siksanipun neraka”.
Amin.